Minggu, 05 Februari 2017

Pidato Bahasa Jawa



SATRIYA JAWA
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Pakurmatan konjuk dhumateng para kadang kakung putri, mliginipun dewan juri ingkang tansah winengku karaharjan.
Para kadang ingkang sinuba panakrami.....
Kinarya murwakani jangkepin atur, sumangga kula dherekaken ngunjokaken panuwun dhumateng gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumintuning kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Salajengipun, keparengna kula ngaturaken sekar Mijil setunggal pada, sinaosa naming mrica kecut sauni – uninipun.
“ Poma kaki padha dipun eling / Ing pitutur ingong / Sira uga satriya arane / Kudu anteng jatmika ing budi / Ruruh sarwa wasis / Samubarangipun” //
Para kadang ingkang satuhu winantu karaharjan,
Adhedasar cakepan Mijil ingkang sampun kula aturaken kala wau, jebul tiyang ingkang sinung pangkat satriya menika, sinampiran jejibahan. Ingkang sepisan, kedah anteng jatmika budinipun. Kaping kaleh, kedah ruruh. Kaping tiga, kedah wasis ing samubarang.
Ing bausastra, tembung “satriya” menika tegesipun ‘tiyang luhur’. Tembung “anteng” menika tegesipun ‘mboten kekathahen polah’. Tembung “jatmika” menika tegesipun ‘tindak tanduk ingkang nuhoni tata trapsila’. Tembung “ruruh” menika tegesipun ‘sareh’ ; ‘alon’ ; utawi ‘praen ingkang katinggal tumungkul’. Tembung “wasis” menika tegesipun ‘pinter’. Dene, tembung “prawira” menika tegesipun ‘kendel’.
Para kadang sumitra,
Kanthi mbundheli andharan sekawit, estunipun, nggayuh drajad satriya menika gampil. Saratipun mboten awrat. Sauger anteng jatmika, ruruh, wasis, lan prawira, sampun ingaran satriya. Nanging, menapa inggih anteng jatmika menika tegesipun namung mlaha ora kakehan polah mekaten mawon? Menapa inggih ruruh menika cekap dipun tegesi ulat sing tumungkul mekaten kewala? Menapa inggih wasis menika cekap dipun tegesi bakune pinter? Menapa inggihprawira menika cekap dipun tegesi watone kendel?
Para kadang,
Anteng jatmika kacetha werdinipun tindak tanduk ingkang nuhoni tata trapsila. Simbah asring ngendika, “Sing sapa nandur bakale ngunduh, Sing sapa utang bakale nyaur, sing sapa becik bakale ketitik, sing sapa ala bakale ketara, sing sapa cidro bakale cilaka, sing sapa tekun bakale tekan”.
Kanthi dhasar menika sok sintena ingkang kepengin nggayuh kabecikan inggih kedah mawi sarana pakarti ngatos – atos ing pasrawungan kanthi tata kramanipun basal an tumindak.
Lajeng, kados pundi jlentrehipun pakarti ruruh? Ruruh menika kacetha nunggal teges kaliyan sareh. Nah, kosok wangsulipun sareh menika kemrungsung ngangsa – angsa. Dugi ing ngriki kedahipun kula lan panjenengan lajeng kemutan dhateng wekasipun simbah ingkang jlentrehanipun, “Alon – alon waton kelakon”. Kenging menapa kedah alon – alon? Sebab, kebat asring kliwat, ngangsa – angsa dadi brahala.
Inggih jalaran kasunyatan ingkang, mekaten kala wau, pramila ruruh menika mboten sanes inggih sarehing manah ingkang tansah ngugemi eling lan waspada. Pakartinipun inggih ngatos – atos ing tumindhak kanthi nyuuda pepinginan. Sebab inggih maneka warna pepinginan menika ingkkang saestu njalari manah mboten sumeleh, ucap galap gangsul, lan tumindhak ingkang sarwi kemrungsung.
Dene salajengipun inggih wedaripun wasis. Smbah nate ngendika, tiyang ingkang sarjana utawi pinter badhe dados durjana menawi mboten sinung watak sujana utawa wicaksana. Sujana menika saestu badhe migunani tumraping liyan sinaosa sanes golonganipun sarjana.
Tiyang dhusun ingkang kuthung ing kawruh bangunan, nanging idhep dhateng tangga – tepalih, badhe langkung migunani tinimbang sarjana teknik sipil inkang individualis. Cekakipun wasis menika inggih pakarti ingkang remen mbantu asanes jumbuh kaliyan kasagedanipun.
Dene ingkan pungkasan, kados menapa caranipun negesi prawira? Prasaja kemawon. Ing jaman samangke kathah tiyang kendel padudon, kendel nglepataken kanca. Nangin sinten ingkang kendel legawa ndhadha kalepatanipun piyambak? Kamangka simbah asring meling, “Aja seneng tudhang – tudhing, nanging gelema noleh githokmu dhewe!”.
Cekap semanten atur kula, cacading basa, kiranging trapsila, kula nyuwun pangaksama. Kupat diduduhi santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.
Nuwun
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar